Sapi tenan dino iki, mosok duitku kari titik. Padal saiki iseh durong ono kiriman teko omah… cukup gak yo duit iki digawe mangan ben dino. Mugo-mugo ae cukup hehehehe… eh iyo… semester saiki aku muangkel pol, mosok jadwal kuliah podo gak karuan… tubrukan tok isine… terpaksa kudu titip absen. Terus karo koncoku sing lagi cuti kuliah tak kongkon ngleboni kuliahku… lumayan jes ketimbang areke nganggur mendingan mbantu kuliahku… podo-podo untunge… areke entok ilmu, absenku dadi kebek… wakakakakakakakakak…

Nek ngomongno kuliah aku malah kudu ngguyu tok… koyo winginane… dosene tak akali karo koncoku… huehehehehehehe…

Critane ngene, pas wayahe ngumpulno tugas nek gak salah ngumpulno program kanggo ngitung rumus-rumus (pokoke aku paling buenci karo itung-itungan, opo maneh nek berhubungan karo itung-itungan x,y,z sak koncone… walah mbulet…) sing dikumpulno dek disket. Lha pas dino iku terakhir kudu ngumpulno. Aku gak gae blas… ya terpaksa aku ngumpulno disket rusak terus tak jenengi aku karo koncoku, gak lali nomer NIM-e sisan tak tulis… pokoke dek pikiranku cuma ono siji… sing penting ngumpulno dhisik… bah iku diskete keno opo ora… lha wong mikirku ngene, nek diskete gak keno berarti mugo-mugo ae dosene nganggep komputere ndikne sing lagi error, sing penting aku wis ngumpulno terus dosene moco jenengku karo koncoku…

 Eh ndilalah… pas aku ndelok KHS, nilaiku karo nilaine koncoku “B”, padal UTS-UAS yo gak ngerti blas… ngandalno upeti teko konco-konco kiwo tengen tok… wuahahahahahahaha…

Ono maneh sing gae aku kudu ngguyu pas ndelok KHS winginane, mosok nilai matakuliah potografi, aku oleh “A” wakakakakakakakakak…

Aku lho sing tak kumpulno iku padal foto olehku njaluk koncoku sing kerjo ndek percetakan foto, foto digital ngono terus tak cetak 10R soale dosene njaluk ukuran sak mono… pas ngumpulno rodok telat sisan… ya wes mikirku sing penting ngumpulno… Wow… gak nyongko diwenehi nilai “A”. Matur suwon Pak dosen… Eh… mugo-mugo ae dosene gak moco blogku iki… waduh nek moco nilaine malah dikurangi… :-)

Previous • Sepi selalu    Selamat Datang di Kehidupanku… Sobat baruku… • Next